JUDUL : PACARAN
KEGANGGU AMERGI RAMBU...
CRITOE DIMULAI
Ing sawijining dina ana ing desa citek ing omahe srintil,parjan pengen
ngapeli pacare yaiku tuminah.
Parjan :Assalammu’alaikum
(tok tok tok)
Srintil :Wa’alaikumsalam
le,yo sek tak bukakno lawange.
Parjan :Minahe
wonten nopo Mak?
Srintil :Yo
le..onok .. Sek tak celukno ndisek. (Nah minah)
Tuminah :Nggeh
mak sekedap (tuminah teko karo riyip-riiyip)
Srintil :Ladalah
awakmu lo prawan tangine kok awan tenan,gak isin enek pacare.
Tuminah :hahaha...
Karipan mak mantun ningali wayang wonten balaidesa.
Srintil :Yawis
kono lang adus disek nduk. Yowis entenono disek le.
Parjan :Nggeh
mak,niki damel nyantai mawon.
Sawise tumniah adus lan macak,minah lan parjan budal dolan.
Parjan :Dulan
nang ndi sayang.(disambi nyetir sepeda)
Tuminah :Sak
karep mas,sing penting ambek smpean mas .
Sawise nyampek panggnan pacaran.Moro-moro ana bu.ustadza teko.
B.Ustadza :
He..ladalah ,cah loro iki kok pacaran nang kene toh.
Parjan :Lah
panggenane sae damel jagongan eh bu.
B.Ustadza :Iseh
enom kok angel tuturane. Wasne kuwi onok rambu larangan pacaran.(Karo nunjuk
rambu larangan parkir)
Tuminah :Loh,Sanes
larangan pacaran,tapi larangan parkir bu.
B.Ustadza :Dituturi
malah nglawehi,Iku ngunu rambu larangan pacran le..!!
Ketepakan pak polisi liwat,parjan nyeluk pak polisi njaluk tulung
njelasno nang b.ustadza.
Parjan :Pak
pak, pak polisi nyuwun tulung panjengan jelasno ten b.ustadza soal rambu niki.
P.Polisi :Onok
opo mas?Opo sing kudu tak tulung?
Tuminah :Niki
loh pak,B.Ustadza nyeneni kulo kale pacar kulo.
P.Polisi :Lah
kenek opo mbak?
Tuminah :Kulo
diarani nglangar rambu niku pak. (nunjuk rambu)
B.Ustadza :Kandani
kok pak,bocah bocah iki nglanggar rambu larangan pacaran.Lawung jelas jelas
wonten huruf “P” dicoret.
P.Polisi :Loh
sanes bu,niku rambu larangan parkir.Sanes larangan pacaran. Tinimbang rame ten
mriki mending mas lan mbak e pindah mawon ten panggenan liya.
Parjan lan Tuminah akhire pindah nang panggon liya karo rasa nesue.
Parjan :Piye
sayang,oleh panggon sing tuepak iki gae pacaran,luwih apik tinimbang sing
maeng.
Tuminah :Iyo
sayang,tuepak iki,sueger tenan panggone. Puleh ngantuk aku sayang.
Parjan :Ya
kene turu ndek pundak ku sayang.
B.Ustadza :Loh
ya,, ketemu bocah loro iki maneh.!!
Tuminah :Hehehe..
nggeh bu,wonten nopo maleh?
B.Ustadza :Dituturi
wong tuo gak kene ancen sampean iku.!! Ikuloh onok rambu larangan sir-sir’an.
(nunjuk rambu sing ono tulisan “S”dicoret)
Parjan :Loh bu..niku sanes .niku rambu
dilarang berhenti.Niku wonten pak polisi maleh. Angsal tangglet.
P.Polisi :Wonten
nopo ?loh iki lak wong sing rame rame maeng. Wonten masalah nopo maleh?.
Parjan :Niki
loh pak,B.Ustadza nyeneni kulo maleh amergi rambu “S” dicoret.
B.Ustdza :Yo
ngoten iku pak, gak ngerti rambu,wis eruh ono rambu dilarang sir-sir’an tapi
malah iseh sir-sir’an.
P.Polisi :Niku
rambu larangan berhenti bu,sanes larangan sir-sir’an. Mending mas mbak pindah
maleh ten pangggenan liya.ben mboten rame maleh.
Parjan Tuminah pindah nang panggong liya . Lan akhire ketemu B.Ustadz
maleh sing wayah kuwi kale ibuke tuminah sing nepaki badhe sedahan.
Srintil :Loh
nduk? Kok nang kene? Jare dolen kok malah nang panggon sepi-sepian?
Tuminah :Lah
niku wau wonten pangggenan umum malah diseneni kale B.Ustadza buk. Gara-gara
manggon wonten nisor rambu larangan parkir lan larangan berhentii.
B.Ustadza :loh
ancen kulo mboten semerep lek kuwi
rambu larangan parkir kale larangan berhenti.
Parjan :Mangkane
toh bu,lek mboten semerep aslie pun muring-muring riyen.
B.Ustadza :Iyo
mas,ancen aku sing salah kok,sepurane mas.
Tuminah :Nggeh
bu mboten nopo-nopo . Manungso mboten saged lepas kalean lepat.
Srintil :
Yowis nduk aku karo B.Ustadza kape sedahan disek. Sampean lang muleh kono.
Mending nang omah ae lek paacraan tinimbangane nang njobo.
Tuminah lan Parjan: Nggeh buk,tak mantuk, panjengan atos-atos
wonten dalan nggeh. Assalamu’alaikum.
Srintil :Iyo nak. Wa’alaikumsalam.
Akhire parjan lan tuminah mbalik
muleh lan nerusne sir-sir’ane nang omahe tuminah.
No comments:
Post a Comment